Cari Blog Ini

Januari 14, 2020

Ngawekani Akehe Informasi

Ngawekani Akehe Informasi 

   Ing jaman kang sarwa modern iki iklan bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan. Ora mung mligi ing spanduk, pamflet, koran, ananging radio, tv, internet uga wis akeh kagunakake kanggo masang iklan. Salah sijine titikane iklan kang becik iku bisa dideleng saka basane. Basa iklan kang becik iku basa kang gampang dingerteni dening pamaos utawa pamirsa. 

A. Ngrembug teks iklan

     Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawakake. Lumantar medhiane iklan iku bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan kan iklan tulis. Iklan tulis bisa awujud pamflet, poster, baliho bisa uga kacuthak ing ariwarti utawa kalawarti. Dene iklan lisan kagiyarake lumantar medhia elektronik kayate TV lan Radhio.
    Titikane iklan kang becik yaiku jujur, obyektif, cetha, ringkes, tembunge prasaja, gampang dimangerteni, narik kawigaten, sopan, lan logis. Dene unsur -unsure iklan ing antarane yaiku:
  1. Jenenge barang utawa jasa kang ditawakake,
  2. Pihak utawa pawongan kang masang,
  3. Alamate sing masang,
  4. Kahanan sarta manfaat barang utawa jasa kang ditawakake.
  Basa teks iklan iku beda karo basa teks-teks liyane. Titikane basa iklan yaiku:

  1. Migunakake slogan,
  2. Ukarane persuasi utawa mbujuk wong liya,
  3. Migunakake subjek wong kapisan.

Tuladhane iklan radio!

Pro 4 RRI Yogyakarta
Ngleluri budaya Jawa
Frekuensi Am 1107 KHz
Progam pendidikan dan budaya

Acara
- Kethoprak
- Wayang kulit
- Uyon-uyon Manasuka
- Sandiwara Basa Jawa 

B. Nulis teks iklan

  •  Seng dituju kudu cetha,
  • Sing ngirim kudu cetha,
  • Barang utawa jasa sing ditawake kudu cetha,
  • Narik kawigaten sing maca,
  • Nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawakake,
  • Bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake,
  • Nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling.

C. Carane nulis iklan

  •  Temtokna ancase iklan (nawakake barang utawa jasa).
  •  Gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur-unsur pawarta (jeneng barang utawa jasa, sing gawe iklan, alamat, kahanan utawa manfaat). 
  • Ngrembakake cengkorongan dadi iklan kang wutuh, nganggo basa kang prasaja, cekak, mentes, cetha, sopan uga narik kawigaten.

D. Nyuguhake teks iklan

  •  Paham isine iklan. Kalebu basa, uga pangucape tembhng kang rinakit ing teks iklan.
  • Swara sarta pangucaping Tembung kudu cetha lan trep.
  • Menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarake.


Sumber  : Suyitno - L. Yuyun Dewi Susanti -Irawan H.G.
Buku       : Gegaran Basa Jawa 2
Kelas       : XI SMA/SMK/MA K.13
Penerbit : Yudhistira

7 komentar: